Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2019
Gambar
Prabu Puntadewa Prabu Puntadewa (Samiaji, Yudhistira, Darmakusuma, Dwijakangka) yaiku putra pambajenge nata Ngastina Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunti. Uga ana carita yen Puntadewa iku putra saka Sang Hyang Darma kang dipuja dening Dewi Kunti nganggo Aji Gineng, paringane Rsi Druwasa. Mula saka iku Puntadewa uga diarani Darmakusuma, Darmaputra. Pu ntadewa sak kadange para Pandawa kawit cilik wus ditinggal ding wong tuwane yaiku Prabu Pandhu. Uripe sinangsaya dening para kurawa. Nalika lakon Babad Alas Wanamarta, negara kajiman Indraprasta kang diratoni dening ratu jim Prabu Yudhistira bisa babar kamanungsan awit alas Wanamarta dibabat dening Bratasena. Prabu Yudhistira nyawiji utawa nitis ana ing anggane Raden Puntadewa. Mula Puntadewa uga diarani Yudhistira. Jim Dandunwacana nitis ana ing anggane Bratasena, Jim Suparta nitis marang Permadi, Jim Nankula lan Jim Sadewa nitis marang Pinten lan Tangsen. Sawuse kui, Puntadewa jumeneng nata ing Indraprasta ya diarani Ngamarta jej...